CANGKRIMAN


Cangkriman iku unèn-unèn utawa ukara kang kudu dibatang utawa dibethek
Cangkriman iku kapérang dadi papat, yaiku: CANGRIMAN AWUJUD WANCAHAN, CANGKRIMAN AWUJUD PEPINDHAN, CANGKRIMAN AWUJUD BLENDERAN, LAN CANGKRIMAN AWUJUD WACANAN

A. CANGKRIMAN AWUJUD WANCAHAN
Wancah iku tegesé cekak. Wancahan iku kudu dibatang kang disusun seka gatra kang ana.

Tuladhane:
§Burnas kopen : Bubur panas kokopen
§Pak boletus :tepak kebo léléné satus
§Pindhang kileng : Sapi nang kandhang, kaki mentheleng
§Wiwa wité, lesbodhongé, karwa paké : uwi dawa uwité, tales amba godhongé, cikar dawa tipaké
§Kabaketan : Nangka tiba neng suketan
§Yumaerong = yuyu omahé ngerong
§Suru bregitu = asu turu di bregi watu
§Karla ndheren = mbakar tela sumendhe keren

 
B. CANGKRIMAN AWUJUD PEPINDHAN
Cangkriman pepindhan iku cangkriman kang awujud ukara kang mèmper kaya kanyatané.
Tuladhane:
qSega sekepel dirubung tinggi = salak.
qPitik walik saba kebon= nanas.
qBocah cilik tlusap-tlusup nang kebon = dom (jarum).
qWit adhikih woh adhakah   = waloh.
qWit adhakah woh adhikih  = ringin.
qEmboké wuda, anaké tapihan = pring
qDikethok malah dhuwur = celana
qSawah rong kedhok galengane mung sithok = godhong gedhang
 
C. CANGKRIMAN AWUJUD BLENDERAN/ PLESETAN
Cangkriman blènderan/ plesetan iki sejatiné ukara pranyatan kang bisa gawé bingung yèn macané salah.
Tuladhane:
ØWong adol témpé ditalèni = sing ditalèni témpé, dudu wong sing dodol.
ØWong mati ditunggoni wong mèsam-mèsem = sing mèsam-mèsem wong sing nunggu, dudu sing mati.
ØLampu apa yen dipecah metu uwonge (lampu toko sing lagi ditutup)
 
D. CANGKRIMAN AWUJUD WACANAN
Cangkriman iki rinakit arupa tembang.
Tuladhane:

vBapak pucung, rèntèng-rèntèng kaya kalung. Dawa kaya ula, pencokanmu wesi miring. Sing disaba, si pucung mung turut kutha. (sepur)

vBapak pucung, dudu watu dudu gunung. Sangkamu ing Plémbang, ngon ingoné sang Bupati. Yèn lumampah, si pucung lèmbèhan grana. (gajah)

vBapak pucung, dudu watu dudu gunung. Sabamu ing sendhang, péncokanmu lambung kéring. Praptèng wisma, si pucung muntah kuwaya. (klenthing/jun)

Komentar

Posting Komentar

Postingan populer dari blog ini

Yuk Belajar Lagi🙂🤩

SENI SUARA DAERAH

Catatan Harianku